Gathotkaca Gugur
Kurawa ngangkat Adipati Karna dadi Senopati perang sakwise Burisrawa gugur. Dina kuwi peteng dhedhet, lan manut aturan perang, perang diendhek sawetara. Nanging ora ngerti kena ngapa Kurawa nerjang aturan kuwi lan ngirim senopati perangae wektu bengi kuwi.
Adipati Karna melbu lan ngorak-ngarik bala Pandawa kang paling ngarep. Kang njaga perkemahan ora bisa nandingi polahe Adipati. Kabar iki kanthi cepet ditampa nganti tekan perkemahan Pandawa Mandalayuda.
1. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku ...
a. Gathotkaca lumpuh
b. Gathotkaca Gugur
c. Gathotkaca Perang
d. Gathotkaca Lumpuh
2. Kang ngorak arik bala Pandawa asmane ...
a. Burisrawa
b. Adipati
c. Adipati Karna
d. Buta
3. Dina kuwi peteng ...
a. ndhedhet
b. tenan
c. banget
d. jenggureng
4. Unsur crita kang ngemot pitutur diarani ...
a. alur
b. latar
c. tema
d. amanat
5. Ing ngisor iki kang ora klebu arane crito bocah yaiku ...
a. Kebo lan Wedus
b. Semut lan Walang
c. Babad Tanah Jawi
d. Manuk Gagak lan Kendhi
6. Gamelan iku digawe saka ...
a. perunggu
b. perak
c. tembaga
d. emas
7. Jenise woh-wohan kang godhonge bisa kanggo gawe jamu yaiku ...
a. semangka
b. kates
c. nanas
d. jagung
8. Tuladha penutup sesorah yaiku ...
a. Mugi-mugi menapa ingkang kula aturaken saget mupangati
b. Kula aturaken matur nuwun bilih panjenengan rawuh
c. Dumateng para pepunden saha para lenggahan sedaya
d. Mekaten atur kula, menawi wonten kalepatan nyuwun agunging pangapunten
9. Sakdurunge nindakake nyritakake lakon dongeng, becike ...
a. gawe cengkorongan
b. ngapalne isine
c. nyalin kesimpulan
d. aweh ngerti
10. Wong kang pegaweane gawe keris diarani ...
a. kemasan
b. empu
c. gamel
d. geram
11. Tembang macapat cacahe ana ...
a. 10
b. 11
c. 12
d. 13
12. Sekar pangkur kang winarna.
Penggalan tembang pangkur ing dhuwur nduweni .... guru wilangan.
a. 8
b. 9
c. 10
d. 11
13. Sing dudu paugeran gawe tembang macapat yaiku guru ...
a. wilangan
b. lagu
c. gatra
d. mantra
14. Astane simbah ora bisa diobahake.
Tegese tembung astane yaiku ...
a. mripate
b. tangane
c. wetenge
d. sirahe
15. Sapa sing tuku klambi kae
Ura ing dhuwur sing pas diwenehi tanda ...
a. koma
b. pitakon
c. seru
d. titik
16. .... cacahipun aksara jawi?
a. sinten
b. pinten
c. sapa
d. ngapa
17. Arjuna iku putra Pandhawa kang angka ...
a. lima
b. siji
c. loro
d. telu
18. Supaya aksara jawa diwaca "O" diwenehi ...
a. taling tarung
b. wignyan
c. cecek
d. wulu
19. Gathekno tulisan jawa ing ngisor!
a. aku tuku klambi lima
b. aku nanggo klambi anyar
c. aku tuku krambil sanga
d. aku tuku krambil lima
20. Kendhang olehe nabuh ...
a. dithuthuk
b. ditarungake
c. didamu
d. dikeplak
21. Hawa ing mangsa ketiga biasane adhem ...
a. memplak
b. mbranang
c. nyenyes
d. thuntheng
22. Nandur wit-witan iku kudu dirabuk lan disiram supaya ...
a. mati
b. garing
c. subur
d. rusak
23. Tukua bayem ... wae ya! kanggo njangan bening.
Tembung kang mathuk kanggo ukara ing nduwur yaiku ...
a. satalen
b. sauntil
c. satompo
d. sakranjang
24. Darman negor gedhang ... ing tegalan
a. sajanjang
b. saepek
c. sauler
d. satundhun
25. Dadi wong kudu jembar segarane.
Jembar segarane tegese ...
a. sugih pangapura
b. sanutan
c. sugih banda
d. sabar
26. Jalukan ora wewehan.
Paribasan yaiku ...
a. Merga saka welase, temahan rugi dhewe
b. Karep njaluk, ewoh aweh
c. wong tuwa nyukupi penjalukane anak
d. Bodho lan pinter cilaka kabeh
27. Sing ora kalebu punakawane pandhawa yaiku ...
a. Semar
b. Bagong
c. Janaka
d. Petruk
28. Gamelan iku digawe ana rong laras yaiku pelog lan ...
a. slendro
b. manyura
c. gendhing
d. gendhang
29. Guru iku nduweni jarwa dhosok yaiku ...
a. gulune kuru
b. ngguyu ngguyu
c. wagu lan kuru
d. digugu lan ditiru
30. Mas Joni ... Pak Guru supados maos geguritan wonten ing ngajeng kelas.
a. dikongkon
b. diparingi
c. didhawuhi
d. didangu
31. Ukara ing ngisor iki nudhuhake rasa seneng yaiku ...
a. Hore, bijiku apik!
b. Wah, aku ora sangu!
c. Astaga, bukuku keri!
d. Aduh, sikilku kesandung!
32. Jumadi dolanan bal-balan ing lapangan.
Ukara ing nduwur lesane ...
a. ing lapangan
b. bal-balan
c. dolanan
d. Jumadi
33. Samsul maculi kebon kanggo nandur Lombok.
Maculi iku linggane ...
a. pacul
b. macul
c. paculi
d. aculi
34. Jono : "Badhe tindak pundi Bu Lik?"
Bu Lik : "Arep menyang Magelang."
Jono : " Yindak Magelang nitih punpa, Bu lik?"
Bu Lik : "...."
Ukara kang trep kanggo nerusake pacelathon ing ndhuwur yaiku ...
a. Kula badhe nitih sepur
b. Kula badhe numpak sepur
c. Aku badhe nunggang sepur
d. Aku arep numpak sepur
35. Bocah kelas enem wae ora bisa ... kowe lagi kelas loro.
Tembung pangiket sing pas kanggo ndhapuk ukara ing dhuwur yaiku ...
a. apa
b. aneh
c. apa meneh
d. sanajan

38. Cacahing baris wonten ing tembang macapat diarani ...
39. Awake Joni kuru semangka. Kuru semangka tegese ...
40. Uwi, gembili, lan ketela kalebu tanduran ...
41. Emas, berlian, perak, perunggu iku kalebu bandha rajabrana.
Jaran, kebo, sapi iku kalebu bandha ...
42. Kebumen, 10 November 2020
Ukara ing ndhuwur kalebu perangane layang kang diarani ...
43. Mangsa larang pangan iku diarani ...
44. Sekar pangkur ing winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngurip
Ala lan becik punika
Prayoga kawruhana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaestri siyang retri
Tembang ing dhuwur ana ... gatra
45. Guru lagu tembang ing ndhuwur yaiku ...
- Ibu lagi adus
- Simbah ngombe kopi susu
- Bapak numpak sepeda motor
Tidak ada komentar:
Posting Komentar