Senin, 21 November 2022

Latihan soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1

Latihan soal Ulangan Bahasa Jawa Kelas 6

 

  1. Wenehana tandha ping (x) ana aksara a, b, c utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener!


Ketiga Dawa


Nagari kita Indonesia ngalami kalih mangsa. Mangsa rendheng lan mangsa ketiga. Mangsa ketiga menika boten wonten jawah. Wancinipun wulan April dumugi September. Wonten ing wulan menika para petani angel anggenipun sami nenandur.

Mekaten kawontenanipun sabin tadhahan ing wanci ketiga. Lir ipun ing wanci ketiga babar pisan boten wonten jawah. Pramila para kaum tani sami kathah nengga ing mangsa rendheng. Amargi ing mangsa rendheng menika wiwit wulan Oktober dumugi Maret, menawi ing mangsa rendheng menika kathah jawah lan para kaum tani wiwit nenandhur.

Kanthi kawontenan punika pamarentah budi daya damel tandhon toya ingkang kawastanan wadhuk, ingkang tujuanipun bok bilih sawanci-wanci mangsa ketiga saget kangge ngancari sabin. 




  1. Sing diarani mangsa ketiga yaiku …

  1. Mangsa blebah

  2. Mangsa akeh udan

  3. Mangsa garing

  4. Mangsa ora ana udan

  1. Mangsa ketiga iku adate ana ing sasi …

  1. Januari – April

  2. Januari – Maret

  3. April – Oktober

  4. April – September

  1. Para among tani iku yen nandhur ing …

  1. Mangsa rendheng

  2. Mangsa ketiga

  3. Mangsa mareng

  4. Mangsa panen

  1. Tembang Pucung iku ana …

  1. 3 gatra

  2. 6 gatra

  3. 5 gatra

  4. 4 gatra

  1. Sing ora kalebu tambang macapat yaiku…

  1. Ilir-ilir

  2. Pucung

  3. Dhandhanggula

  4. Sinom

  1. Panengah Pandhawa iku arane …

  1. Prabu Kresna

  2. Puntadewa

  3. Janaka

  4. Nakula 

  1. Punakawan sing tuwa dewe jenenge …

  1. Gareng

  2. Petruk

  3. Bagong

  4. Semar 

  1. Pamarintah gumregut anggone mbrastha korupsi. Mbrastha tegese …

  1. Mbrantas

  2. Ngulapi

  3. Nyedhaki

  4. Goleki 

  1. Asmane ki Hajar Dewantara nalika isih timur yaiku …

  1. Suwardi Suryaningrat

  2. Supardi Suryaningrat 

  3. Sumardi Suryaningrat

  4. Sukardi Suryaningrat

  1. Dhek wingi kodanan klambine teles …

  1. Kabeh

  2. Sethithik 

  3. Kebes

  4. Kemproh 

  1. Bocah sekolah kudu teberi anggone sinau. Teberi tegese …

  1. Akeh

  2. Sregep

  3. Betah

  4. Kerep 

  1. Regane barang ing koperasi …

  1. Luwih murah

  2. Luwih larang

  3. Padha wae

  4. Luwih akeh

  1. Gadhing, apus, ori, wulung, iku kalbu jenise uwit …

  1. Pelem

  2. Kambil

  3. Duren

  4. pring

  1. Pardi dawa tangane. Dawa tangane tegese…

  1. Seneng menehi

  2. Seneng njaluk

  3. Seneng jupuk

  4. Seneng nglarani

  1. Budi tuku buku. Yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku …

  1. ufitukubuku

  2. bufitukuvuku

  3. bufitukbuku

  4. gfitukubuku

  1.  Pedhet iku arane anak …

  1. Sapi

  2. Sacan

  3. Bantheng

  4. Wedhus 

  1. Mangsa sing akeh udan iku diarani …

  1. Mangsa mareng

  2. Mangsa rendheng

  3. Mangsa labuh

  4. Mangsa ketiga

  1. Akeh prajurit sing padha nemahi pralaya. Pralaya tegese …

  1. Kabegjan

  2. Alangan

  3. Mati

  4. Tatu 

  1. Presiden Indonesia kang sepisan yaiku …

  1. Ir. Sukarno

  2. B.J Habibie

  3. Jendral Sudirman

  4. Jendral Suharto

  1. Becik ketitik ala …

  1. Kelara-lara

  2. Ketara

  3. Gawo dosa

  4. Sembada 

  1. Jahe, kencur, kunir diarani tanduran ….

  1. Jamu hidup

  2. Jamu tidur

  3. Apotik hidup

  4. Apotik tidur

  1. Sing dudu perangane karangan yaiku ….

  1. Tanda tangan

  2. Irah-irahan

  3. Bebuka

  4. panutup

  1. Sing kalebu tembang dolanan yaiku ….

  1. Pangkur

  2. Pucung

  3. Kinanthi

  4. Jamuran 

  1. Wong sing gaweyane nglakokake sepur jenenge …

  1. Nahkoda

  2. Masinis

  3. Sopir

  4. Pilot 

  1. Perangane gamelan sing ditabuh karo epek-epek tangan yaiku …

  1. Kendhang

  2. Kenong

  3. Kempul

  4. Kethuk 



  1. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

  1. Roning mlinjo sampun sayah nyuwun ….

  2. Rukun agawe santosa, crah agawe ….

  3. Pandhawa cacahe lima. Dene panengahe yaiku aran ….

  4. Mas bayu gawe pagupon kanggo ngingu ….

  5. Leh nyambut gawe direwangi adus ….

  6. Godhong-godhong akeh sing rontok iku kedadeyan ing mangsa….

  7. Sura dira jayaningrat lebur dening ….

  8. Semar, Gareng, Petruk lan Bagong iku diarani ….

  9. Gambuh iku kalebu jenis tembang ….

  10. Wisnu awake gedhe dene adhine ….


  1. Wangsulana pitakon-pitakonb ing ngisor iki kanthi trep!

  1. Aranana jenenge Pandhawa Lima kanthi urut!

            Wangsulan  : ……………………………………………………………………………………

  1. Apa basa kramane “Aku lagi wae tangi turu”?

            Wangsulan  : ……………………………………………………………………………………

  1. Aja nyedak kebo gupak.

            Apa tegese paribasan ing ndhuwur?

            Wangsulan  : ……………………………………………………………………………………

  1. Merapi, Lawu, Slamet lan Sindara iku arane apa?

            Wangsulan  : ……………………………………………………………………………………

  1. Tulisen nganggo aksara jawa!

            Tangi turu nyapu latar


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Blog Rangkuman Tugas Koneksi Antar Materi Modul 3.1

   Blog Rangkuman Koneksi Antar Materi Modul 3.1.  PENGAMBILAN KEPUTUSAN BERBASIS NILAI-NILAI KEBAJIKAN SEBAGAI PEMIMPIN  Oleh : Karsim, S.P...