Soal latihan Ulangan Semester 1 Beserta Jawaban
Kelas 6
Tari Saman
Saman iku jeneng jogedan dhaerah sing asale saka Provinsi Nangroe Aceh Darussalam. Seni dhaerah sing ngutamaake obahan mawa syair iki digelarake karo piranti musik pengiring arupa rebana utawa kendhang. Tari Saman dadi piranti hiburan ing acara- acara sing sifate kedhaerahan utawa kenegaraan. Keplokan mawa nepuk dhadha Ian pupu saka para pangayo (penari) ngetokne suwara khas Ian unik ing sajroning pagelaran joged
Ing jaman dhisik, jogedan sing uga dicampur karo iringan syair kanthi basaArab iki digelarake ing sawijining panggung ing ngisor Meunasah (omah panggung minangka papan lembaga tradhisional warga Aceh, yaiku papan kagiyatan pawiyatan, sosial, ekonomi, Ian keagamaan). Keunikan mawa kabécikan obah kompak sing digelarake para pangayo kerep gawe wong kang padha ndeleng gumun. Ora aneh yen Tari Saman iki uga dikenal nganti mancanagara.
1. Wacan ing ndhuwur ngrembug babagan ….
A. Drama Saman
B. Tari tradhisional
C. Tari Saman
D. Jogedan dhaerah
Jawaban: Tari Saman.
2. Kesenian sing ana ing crita ndhuwur asale saka …
A. Nangroe Aceh Darussalam
B. Arab Saudi
C. Jawa Barat
D. Jawa Timur
Jawaban: Nangroe Aceh Darussalam.
3. Piranti musik sing digunakake kanggo pangiring Tari Saman yaiku ….
A. gong
B. rebana
C. gltar
D. suling
Jawaban: rebana.
4. Tari Saman digelar ana acara sing sifate …
A. hajatan
B. pengetan
C. kedhaerahan
D. upacara
Jawaban: kedhaerahan.
5. Miturut wacan ing ndhuwur, anane Tari Saman kudu ….
A. diuri-uri
B. disinauni
C. dituladhani
D. dimangerteni
Jawaban: diuri-uri supayane lestari.
6. Wujud karangan ana lima, kajaba….
A. argumentasi
B. eksposisi
C. narasi
D. pengalaman pribadi
Jawaban: pengalaman pribadi.
7. Karangan kang nggambarake salah sawijining objek adhedhasar kasil pengamatan, pangrasa, lan pengalamane penulis diarani karangan….
A. narasi
B. deskripsi
C. eksposisi
D. Argumentasi
Jawaban: deskripsi.
8. Ciri-cirine karangan deskripsi ing ngisor iki, kajaba ….
A. dijlentrehake kanthi jelas lan rinci
B. kudu ana objek Ian suasanane
C. runtutuga sistematis
D. digawe kanthi dhasar imajinasi
Jawaban: digawe kanthi dhasar imajinasi.
Soal Basa Jawa Kelas 6 Wayang
9. Adipati Kama dadi senapati kinen tumuju pakuwone Pandhawa. Pakuwon tegese ….
A. papan angon
B. pasawahan
C. pasranggahan
D. pekarangan
Jawaban: pasranggahan.
10. Lakune prajurit Kurawa nggawa C)bor minangka dadi suluh utawa pepadhang anggone lumaku ngluruk perang menyang pakuwone Pandhawa. Perang wanci bengi ing perang Bharatayuda iku diarani ….
A. perang brubuh
B. perang gagalan
C. perang kembang
D. perang suluhan
Jawaban: perang suluhan.
11. Wengi kang peteng iku dumadakan dadi … dening akehing obor kang digawa dening para prajurit.
A. cetha
B. ngegla
C. padhang
D. sumringah
Jawaban: padhang.
12. Prabu Kresna paring dhawuh marang Raden Gathutkaca supaya ngundurake prajurit Kurawa saka pakuwone Pandhawa. Dhasar satriya utama Raden Gathutkaca … dhawuhe Prabu Kresna.
A. mbantah
B. mbalekake
C. nyendikani
D. nyulayani
Jawaban: Nyendikani.
13. Prabu Kresna uga ndhawuhi Raden Werkudara Ian RadenArjuna supaya njaga kayuwanane pakuwon. Kayuwanane tegese….
A. karameane
B. kaslametane
C. pepadhange
D. pepetenge
Jawaban: kaslametan,
14. Raden Gathutkaca watake ….
A. ala, ora netepi kuwajibane dadi satriya
B. gampang muring lan seneng goroh
C. jirih, ora wani ngadhepi mungsuh
D. jujur, kendel, lan seneng tetulung
Jawaban: jujur, kendel, lan seneng tetulung.
15. Raden Gathutkaca iku putrane Raden … karo Dewi
A. Puntadewa lan Arimbi
B. Puntadewa lan Drupadi
C. Werkudara lan Arimbi
D. Werkudara lan Pregiwa
Jawaban: Werkudara lan Arimbi
16. Raden Gathutkaca gugur ing papranganjalaran kena pusaka.
A. Cakra kagungane Prabu Kresna
B. Cakra kagungane Prabu Rama
C. Kunta kagungane Prabu Duryudana
D. Kunta kagungane Adipati Karna
Jawaban: Kunta kagungane Adipati Karna.
Baca juga: soal pts bahasa jawa kelas 6 semester 1 kurikulum 2013
Soal Isian Singkat
1. Nulis karangan deskripsi urutan sepisan netepake …. (obyek).
2. Crita deskripsi ditulis kanthi urut uga sistematis supaya ….. (gampang dingerteni).
3. Nalika nulis crita pengalaman iku kudu jumbuh karo …. (fakta utawa kasunyatan).
4. Mau (bengi) bapak (nonton) kethoprak ing Bale Kambang.
Tembung jero kurung tembunge krama ….. (dalu lan mirsani).
5. Raden Gathutkaca bisa ngambah ing gegana tanpa lar. Tegese bisa mabur tanpa …. (sewiwi).
6. Kreta titihane Adipati Kama ajur mumur dadi …… ketiban kunarpane RadenGathutkaca. (sak walang walang)
7. Raden Gathutkaca gugur dadi …..tumindak angkara. bangsa marga labuh negara, nyingkirake (kusumaning bangsa).
8. Raden Gathutkaca ninggal garwa Dewi Pregiwa Ian putra lanang arane …. (sasi kirana).